Senin, 04 Juni 2012

Latian Khotbah Boso Jawi

Latian Khotbah Basa Jawi
Penampil        : Fr. Andri (Tk. III)
Tema              : Kelairan anak pertama
Waosan Injil  : Luk 1:57-66.80
Panggenan     : wonten ing dalemipun umat, lingkungan Santa Maria, Paroki HKY Sukoharjo.
Jumlah umat  : 50 tiyang.

Para sedherek ingkang kinasih ing Gusti, Sugeng Sonten, Berkah Dalem ! Ing sonten punika kita sesarengan ngriyayakaken misa kelairan putra mbajeng/mbarep keluarga Bapak Kartono kaliyan Ibu Kartini. Kula lan panjenengan sedaya sesarengan ugi ndherek bingah lan muji syukur awit asih tresna dalem Gusti ingkang sampun paring berkah dhumateng keluarga Bapak Kartono lan Ibu Kartini  lumantar kelairan si jabang bayi ‘Toni’ punika.
Kelairan putra mbajeng/mbarep punika umumipun saged ndadosaken bungahing penggalih amargi si jabang bayi ingkang dipunidham-idhamaken keluarga punika sampun lair kanthi wilujeng slamet lan ugi dados mongkoging ati mirungganipun kangge Bu Kartini awit sapunika sampun saestu dados ibu; dipuntitipi momongan saking Gusti. Kabungahan bu  Kartini awit kelairan putra pambajeng punika saged dados tanda lan sarana anggenipun ngraosaken kabingahan ingkang sayektos, kados ingkang sampun sinerat wonten ing Injil Yoanes : Kowé padha Dakkandhani ing satemené: kowé bakal padha nangis lan sesambat, nanging jagad bakal bungah. Kowé bakal padha sedhih, nanging kasusahanmu bakal malih dadi kabungahan. Yèn wong wadon nglarani arep nglairaké anak, wong mau atiné susah. Nanging samangsa bayiné wis lair, wong wadon mau bakal lali marang larané lan bakal bungah, sebab bayiné wis lair ing donya. Semono uga tumraping kowé, saiki atimu susah, nanging Aku bakal nemoni kowé menèh, atimu bakal bungah, lan ora ana wong siji waé, sing bisa ngrebut kabungahan kuwi saka ing atimu. (Yoh 16:20-21). Ayat kitab suci punika nyariosaken babagan kahanan tiyang nalika badhe lan sampun nglairaken anak. Bu Kartini mbok bilih ugi ngarosaken remen lan ajrih anggenipun nglairaken Toni. Remen amargi sekedhap malih pinaringan momongan ingkang sampun dipunidham-idhamaken keluarga. Ajrih amargi proses nglairaken punika mboten gampil, lan saged kulo sebat mawi tembung “toh nyowo”. Puji syukur bilih ing sonten punika Gusti tansah paring berkat kangge Bu Kartini amargi saged nglairaken kanthi wilujeng slamet lan sehat. Lan mboten namung punika kemawon, tonggo tepalih ugi sesarengan ndherek bingah awit agenging sih-kadarmanipun Gusti marang kita manungsa; kados ingkang sampun sinerat wonten ing Injil Yoanes, “Tangga teparo lan sanak seduluré padha krungu bab gedhéning sih-kadarmané Pangéran sing kaparingaké marang Élisabèt. Wong-wong mau padha mèlu bungah banget” (Yoh 1:58).
Adatipun manungsa sok sintena kemawon temtu nggadhahi jeneng/nami ingkang dipunparingi saking kesepakatan bapak-ibunipun. Jeneng/nami punika dados tandha ingkang nggadhahi maksud utawi arti ingkang dipunidham-idhamaken kaliyan bapak-ibunipun. Asma bapak lan ibu inggih punika Kartono lan Kartini ingkang mbok menawi ngemu teges utawi maksud supados saged nuladha semangatipun pahlawan kamardikan Kartono lan pahlawan emansipasi wanita Kartini. Sakderengipun mis suci kalawau, kula nyuwun priksa maksud utawi arti saking nami lenkapipun Toni inggih punika “Antonius Toni Nugroho”. Lan tegesipun ingih makaten : Antonius punika nami baptis Santo ingkang sae anggenipun khotbah, ngantos dipuncriyosaken ulam-ulam wonten kolam ugi sami ngrungokaken khotbahipun Santo Antonius. Mbokmenawi pangajeng-ajengipun dados pengkhotbah kaleksanan alias dados Romo..hehehe. Nami Toni punika estunipun dipunpendhet saking asmanipun bapak Agustinus Kartono (To) lan ibu Lucia Kartini (ni). Lan Nugroho punika ngemu teges bilih si jabang bayi Toni punika minangka peparing utawi rahmat ‘nugroho’; anugerah saking Gusti kagem Pak Kartono lan Bu Kartini.
Wonten ing Injil kalawau dipun cariyosaken babagan kelairanipun/miyosipun Yoanes. Yoanes Pembaptis punika salah satunggaling rasul ingkang sampun dipunweca wonten ing Kitab Suci kangge nyawisaken rawuhipun Sang Mesias. Timbalanipun Yoanes punika ugi sejatosipun dados tugas kita sedaya kangge nyawisaken donya, sesami lan gesang padintenan supados sangsaya siap ugi mbuka dhiri kangge nanggepi rawuhipun Sang Mesias. Pak Kartono lan Bu Kartini ugi ngemban tanggeljawab ingkang enggal inggih punika saged momong Toni kanthi sae lan dipundidik mawi nilai-nilai katolik ingkang samsaya raket kaliyan Gusti, saengga saged mangsuli pitakenan tiyang kathah kados ingkang sampun kaserat wonten ing Injil Yoanes. Wong kabèh sing padha krungu bab lelakon kuwi nuli padha mikir lan takon ing sajroning ati: "Bocah iki mbésuk bakal dadi apa?" Merga cetha yèn pangwasané Allah nunggil karo bocah mau. (Yoh 1:66). Milo mekaten, saking waosan Injil Yoanes punika, kita sesarengan dipunajak supados saged ningali lan mawas dhiri anggenipun urip bebrayatan wonten ing keluarga, masyarakat, lan penggenan pakaryan. Mugi-mugi ing tembe wingking, Toni saged dados lare ingkang ngertos tata-krama, kurmat marang tiyang sepuhipun, lan tansah raket kaliyan Gusti. Anaké Imam Zakharia mau saya mundhak gedhé lan jiwané saya santosa. Bocah mau manggoné ana ing ara-ara samun, nganti tekan dina madegé dadi nabi ana ing Israèl. (Yoh 1:80). Kados miyosipun Yoanes ingkang saged mbikak tutukipun Zakharia lan tonggo tepalihipun gumun, memuji Allah, mugi-mugi lairipun si jabang bayi Toni punika samsaya mundhak ageng lan santosa jiwanipun saged dados berkah kangge sinten kemawon, mirungganipun kangge mulyakaken asma dalem Gusti. Amin.
I: Linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci.
U: Kados ing malabuka, sakmenika sarta ing saklami-laminipun. Amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar